Wis meh setaun iki Wasiyo olehe mideringrat nglamar rana-rene golek gaweyan. Nanging direawangi adus kringet lan kulit ireng thuntheng kena panasing srengenge mangsa ketiga ngerak meksa durung oleh asil. Ijazahe SMA saka rumangsane mung disepelekake dening sadhengah kantor lan perusahaan. Dhuwite pesangon PHK saka papane nyambut gawene lawas ing pabrik panci sing bangkrut, kaya-kaya ora tumanja babar pisan. Wis nyoba dienggo tuku wedhus, nanging entek-entekane ya kawus kanggo kebutuhane saben dinane. Awan-awan wancine panas drandhang nalika dheweke ngancikane dlamakane menyang undhak-undhakane omahe emake sing wis ngunduri tuwa, keprungu suwarane emake undang-undang saka njeron omah.
"Was, durung suwe mau ana utusane Pak Pringgo...", suwarane emake karo isih ngedhuk liwetan saka pawon.
"Pak Pringgo sing pensiunan patih wetan omah kae ta Mak?", Wasiyo nyangking sepatune karo gita-gita marani emake sing isih ana pawon.
"Heeh... jare kowe nek ora repot di kon rana. Embuh eneng apa aku dhewe gak ngerti".
Wasiyo nuli mikir-mikir, nyang apa kira-kira Pak Pringgo sing wis kenal lawas iku nimbali dheweke. Sore iku hawane seger, angine semilir. Nalika Wasiyo kang mung ndlamak mlebu menyang pekarangane Pak Pringgo dipapagake kanthi grapyak semanak dening Pak Pringgo dhewe kang wis rada sauntara pinarak ana teras ngarep.
"Alhamdulillah... rene rene Was, ayoh mlebu rene. Sing bebas wae aja nduweni rasa ewuh pakewuh", Pak Pringgo gita-gita olehe mbagekake Wasiyo kang terus di ajak mlebu menyang ruwang tamu.
"Wonten menapa ta Pak, kok sajak njanur gunung nimbali kula".
"Ora ngene lho Was, nuwun sewu ya, jare kowe kena PHK? Sapurane, iki aku ya mung krungu slenthang-slenthing lho". Olehe ngendikan Pak Pringgo kepara rada ngati-ati istingarah aja nganti nyenggol perasaan wong sing lagi nandhang prihatin.
"Inggih pancen leres Pak, namung sampun radi dangu. Malahan arta pesangon ingkang mboten mingsra kula tumbasaken menda malah dhadhal. Mendanipun kula sade kangge kebetahan kula lan mak kula, setunggal mbaka setunggal ngantos ludhes. Sakmenika kula taksih nyobi-nyobi nglamar dhateng kantor lan perusahaan, nanging dereng jodho. Mbokmenawi menapa kula ingkang namung gadhah ijazah SMA menika nggih Pak, ingkang murugaken mboten wonten ingkang purun nampi tenaga kula...", Wasiyo tumungkul. Praupane suntrut.
"Ah... ya ora merga saka ijazahmu kang mung SMA. Malahan sing wis nganthongi gelar sarjana wae sing isih dadi panji klantung isih sak dhabreg. Mung welingku aja kendhat olehmu ndedonga lan nenuwun marang Gusti Kang Akraga Jagad muga-muga enggal pinaringan kanugrahan oleh penggaweyan", Pak Pringgo sethithik paring pitutur.
"Ah...bab ibadah lan anggen kula nenuwun dhumateng Gusti, rumaos kkula sampun mboten kirang-kirang. Malahan sampun kula rencangi pasa Senen-Kemis...".
"Wis wis wis aja kedawa-dawa olehmu kedlarung-dlarung ngrasakake panandhang. Lha iki kebeneran iku wingenane ketemu tilas kancaku kang wis suwe banget ora ketemu dhek nalika aku ndhisik tugas menyang negara Landa. Jenengen Tuan Nachel Deraat. Dheweke saweneh ing pengusaha perkebunan sing saiki manggon ana negara kita iki. Dheweke kang wis tuwa mau pindhah menyang Indonesia karo kulawargane. Nduwe omah apik ana tengah kutha kene. Dheweke nalika ketemu karo aku sambat dikongkon nggolekake tenanga kanggo njaga omahe. Olehe kaya mangkono mau sebab dheweke karo kulawargane uga nduweni omah peristirahatan ing daerah Tlagawungu. Kang mangkono mau yen dheweke tetirah ana omahe ing papan peristirahatan mau, omahe sing ana kutha ora ana sing nunggu. Kamangka omahe sing ana kutha kene jarene njerone kbak barang-barang antik kang umume oleh-olehe saka luwar negeri. Ing antarane lukisan macan gembong koleksine salah sijine pelukis kaloka saka negara Landa, uga sing jare wis dienyang dening salah sijine kolektor Jakarta nganti sak milyar, nanging ora diwenehake. Cekak cukupe kowe saiki enggala mrana, iki tak wenei alamate", Pak Priggo tindak menyang njeron dalem, lan ora suwe wis miyos maneh karo maringake kartu nama alamate tuan Nachel Deraat menyang Wasiyo.
![]() |
| Lukisan Macan Gembong |
Cekake crita, ora gantalan suwe Wasiyo wis dadi satpame tuan Nachel. Dheweke kaya nemu kabegjan dene saben wulane nampa bayaran kang cukup. Tuan Nachel dhewe rumangsa marem nduwe satpam sing kaya Wasiyo sing isih enom tur nduwe pawakan sing gagah tur jujur. Wektune trus mrambat, ora rinasa Wasiyo olehe nyambut gawe ana omahe majikane Landa sing loman mau wis ngancik setaun. Sawijining wengi, tabuh kenthong saka Pos Penjagaan kang ora adoh saka omah loji mau keprungi lamat-lamat muni ping pindho. Wasiyo bengi iku angel anggone turu karana dirubung jingklong sing prasasat kaya mrutu. Wengi kang sepi nyenyet mau dumadakan dikagetake karo suwarane mobil Combi ingkang mandheg persis ngarep omahe majikane. Saka jeron mobil mau metu wong loro kang padha menganggo jacket kulit warna ireng.
"Badhe madosi sinten nggi...?", Wasiyo agahan kanthi mlaku sempoyongan methukake tamune ing tengah wengi kang dudu wancine mertamu mau.
"Kowe satpame omah iki ya?", salah sijine tamune mau takon kanthi suwara sereng. Tandange briga-brigi.
"Enggih... ning sing gadhah griya mboten wonten, nembe tetirah teng luwar kota".
"Nyang njero omah iki ana lukisane macan ya? Arap dak gawa saiki!".
"Lho lho lhoo... pripun ta sampeyan niki, dadi cethane sampeyan dugi teng mriki niku badhe ngrampog nggih?".
![]() |
| Wasiyo ditodong pistul |
"Wis ora usah kakehan cangkem, ngakna lawange omah saiki gek mara enggal uduhna panggonane lukisan macan mau. Yen kowe mbangkang pistul iki bakal mecah sirahmu. Ayo gek cepet bukakna lawang regol!".
Wasiyo sing weruh pistul sing dipenerake nggon bathuke dadi kedher. Awake kang wel-welan kentekan daya mau kanthi sisa-sisaning kekuwatane enggal-enggal ngengakake lawang regol lan lawang omah. Sawise diuduhi papane lukisan macan, sikil lan tangane Wasiyo nuli dirut nganggo tampar plastik kang wis disiyapake sadurunge. Tutuk lan netrane ditutup nganggo lakban ireng. Sawise mangkono dheweke krasa dijungjung banjur dibrukne sakayange ana teras ngarep omah.
Esuke omahe Tuan Nachel Deraat geger poyang-payingan. Ing ngarep omah ana kendraaan Combi sing mesine isih diuripake. Dene tanggane kang pinuju liwat kaget kepati weruh kahanane Wasiyo kang nyuwara bekah-bekuh. Sabanjure Wasiyo dening tanggane sing wis ngluwari pangikete tangan lan sikile sarta tutuk lan mripate sing dilakban, kaget setengah mati weruh kahanan sing ngeres-eresi jroning omah.
Ing kono Wasiyo lan tangga-tanggane kang padha usul sumusul pating bilulung ana jeroning omah mau padha nyipati pawongan loro kang padha nemahi pati kanthi kahanan sing ngeres-eresi. Gulune kekarone lan saperangan anggane padha rojah-rajeh gubras getih. Ing sakupenge jasad kekarone, getih mateng isih mili pating dlewer mblabar nelesi tegel marmer. Sing paling nggumunake, lukisan macan sing sadurunge dilukis kanthi posisi ndhekem, saiki malih ganti posisi kaya lagi ancang-ancang arep nubruk mangsane. Lan sing paling nggumunake maneh ing pernah cangkeme lan siyunge katon getih temenan dudu getih lukisan kang sisih milih kotos-kotos dlewer nelesi pigura lan tegel kang ana sangisore lukisan mau.
![]() |
| Lukisan Macan Gembong malih |
sumber : majalah Panjebar Semangat



Tidak ada komentar:
Posting Komentar