Wis telung dina telung bengi Slamet gumlethak ing amben. Yen nitik kahanane, sikepe kaya wong kang lagi turu. Ambegane dawa tur ajeg, mripate merem dhipet. Nanging, upama turu, geneya kok angel banget gugahane. Apa olehe turu kepati, saengga telung dina telung bengi durung tangi?
Tan kocapa, kaya ngapa susahe atine wong tuwane. Bapak lan biyunge genti-genten anggone nunggoni. Banget anggone kuwatir mbokmenawa ana apa-apa. Wis sawatara "wong pinter" ditekakake. Yen lara supaya bisa ditambani, yen turu supaya bisa digugah. Nanging wong-wong pinter mau ora ana sing kasil ngusadani.
"Slamet niku mboten sakit, Pak", ngendikane dhokter Hasyim Sengari, nalika disuwuni tulung supaya mriksani kahanane, "jantung lan paru-parune normal, rahe ugi sae. Lare niku nembe sare, Pak".
"Lajeng kados pundi, Pak Dhokter?".
"Mangke kula suntike vitamin mawon, kajenge tetep sehat. Bapak tenggani mawon, mangke rak wungu".
Pancen nggumunake. Apa ya ora ngelih wis telung dina telung wengi tanpa mangan tanpa ngombe? Turu bae kok ya ora sabaene.
"Lare niku napa asring sakit-sakiten, Pak?", pitakone Kyai Kalimi, uga nalika disuwuni usada.
"Leres, Pak Kyai! Nila namine digentos Slamet, amargi nalika taksih alit asring sakit-sakiten".
"O, dadi bener ta? Ampun kawatir, Pak! Mugi-mugi sasampune kadadosan niki lare niku lajeng sehat. Mboten kenging penyakit".
Dokter Hasyim Sengari apa dene Kyai Kalimi padha panemune. Loro-lorone duwe dudutan yen Slamet ora lara, nanging lagi turu.
Ing bulak dawa antarane Desa Pucanggedhe lan Desa Nglajer, ana kreteg kang mapan ana Kali Kethek. Ing sakiwa tengene kreteg sukete lemu-lemu. Telung ndina kepungkur, Slamet ngarit ing papan kono dhewekan.
Kanggone wong-wong ing tlatah Ngambal lan saanterone, kreteg Kali Kethek mono wus banget kawentar. Naning kawentare ddu krana wingit lan angker kaya adate kreteg-kreteg kuna liyane, kawentare amarga panggonane ing bulak dawa adoh saka karang padesan. Papan panggonane sepi. Mula kanggone wong kang gelem laku nistha, ing kreteg Kali Kethek kang sepi kuwi asring kanggo papan laku begal. Nate sawijining dina ana ibu guru kang dibegal dijaluk dhuwite nalika kondur mentas mundhut bayarane wulanan.
Kawentare kreteg Kali Kethek uga krana dipracaya dening masyarakat yen ing papan kono mujudake kraton kajiman. Nanging dudu bangsane jim setan sing jahat. Jim-jim kang manggon ing kono bangsane jim Islam. Ing kreteg Kali Kethek asring keprungu swareane adzan yen wis manjing wektune sembahyang.
Nalika samana Slamet anggone ngarit kranjange meh kebak. Nanging merga krungu suara adzan, dheweke banjur leren. Lungguh ing oyoding wit kenari kang mendhukul, lendhe-lendhe ing poking uwit. Prenahe wit kenari kuwi cedhak banget karo kreteg Kali Kethek. Ora watara suwe nalikane swara adzan wis meneng, ana wong lanang liwat ing sandhinge. Yen nitik gawan-gawane, wong kuwi kaya mentas lunga blanja saka pasar Kutowinangun.
"Apa kowe sing mentas adzan ana kene, Le?", pitakone wong kuwi.
"Sanes, Pak! Kula nggih mireng adzan, nanging wonten arah ler mrika. Tebih", wangsulane Slamet.
"Aku sing saka lor kana, krungune ana ing kidul kene, Le".
"Sanes kula, Pak".
"Oh, ya wis", kandhane wong mau karo terus jumangkah nerusake laku.
Sapungkure wong lanang kuwi Slamet nutugake anggone ngaso. Semiliring angin kang tumanduk ing awake ndadekake rasa seger. Suwening-suwe, mripate krasa mbliyut, ngantuk. Slamet angop bola-bali. Nuli tanpa disadhari banjur katuron ing papan kono.
Srengengene wus dhoyong mangulon. Ateges wektune mundhak sore. Nanging, Slamet anggone katuron ora tangi-tangi. Gawe bingunge wong tuwane sakloron sing ana ngomah. Bareng nganti sore durung bali bapake banjur nggoleki. Lan nalika katemu lagi turu semendhe poking wit kenari, awake dihoyog-hoyog supaya tangi. Nanging nganti suwe meksa bae ora tangi. Mula dening bapake, Slamet banjur dibopong digawa bali. Ya wiwit kuwi Slamet turu kepati.
Nganti dina kang kaping papat Slamet durung tangi uga. Kamangka, patang dina engkas rencanane arep disunati. Niyate arep diramek-ramekake. Arep ditanggapake wayang lulang Ki Dhalang Basuki saka Ambalresmi. Yen kaya ngono kuwi kahanane, apa bakalan wurung? Ulem-ulem wis dadi, kabeh kabutuhan kajatan uga wus dicepaki. Yen nganti wurung arep kanggo apa?
Wiwit cilik Slamet pancen ana-ana bae sing dialami. Asring banget laran-laranen. Mula jenenge diganti Slamet, amarga nalka ijih kelas 4 SD nate nandhang lara panas nganti nemen. Nganti sasen-sasen. Biyen, sadurunge diganti jeneng Slamet, wiwit lair jenenge Parno. Apa bar kadadeyan iki mengko jenenge kudu diganti maneh?
Sasi sura wis tanggal tuwa. Enteke kurang rong dina. Manut petungan, Slamet anggone disunati rong dina sawuse enteke sasi Sura. Ngancik wengine dina kalima Slamet tetep turu kapati. Wengi kuwi ngepasi patine tanggal. Sawengi natas bapak lan biyunge ora turu, mung lelungguhan nunggoni ing sandhinge. Wong tuwa loro kuwi tansah ndedonga kanggo kaslametane anake ndremimil ing pinggir amben paturone.
"Awak dhewe kudu piye, Pakne, yen nganti tekan titi mangsane kajatan mengko si Thole durung tangi?", pitakone biyunge, katon ngampet sedhihing ati. Mirpate kembeng-kembeng.
"Muga-muga ora ana apa-apa, Mbokne. Muga-muga si Thole tansah winongwong sihing Gusti. Slamet sakabehe, Kabul sing dadi tujuwane", kandhane bapake.
Wengine saya nglangut. Ing kadohan kaprungu swaraning gamelan angrangin, mratandhani yen ana wong kang lagi nanggap wayang. Lamat-lamat swaraning ki dhalang kaprungu anjantur. Gonge junlegur mungkasi gendhing.
Aneh. Patine tanggal sasi Sura kok ana wong nanggap wayang. Aneh kanggone wong-wong Jawa sing kakehan petung. Mungguhing bangsa jim, ora. Ora mangkono. Ora aneh. Gamelan kang jlenggar-jlenggur kuwipancen lagi ana bangsa jim kang nanggap wayang. Nanging, mesthi bae ana ing alam siluman. Dadi mung keprungu swarane ora katon wujude.
Ora liya kang nanggap wayang kuwi jin kang mbaureksa kreteg Kali Kethek. Wengi kuwi lagi nganakake sukuran. Ing sarehne anake wus mari anggone disunati. Limang dina kepungkur, anake nembe bae disunati. Olehe sunat njaluk dikancani manungsa. Mula, nalika ana bocah kang katuron ana ing sacedhaking kreteg, sukmane direkadaya supaya bisa lan gelem ngancani anake mau, kanggo disunati bareng-bareng babar pisan.
Bocah kuwi ora liya : Slamet. Bareng wus rampung kajate, esuk kuwi sukmane Slamet diterake bali. Dibalekake mlebu ing ragane. Esuk kuwi uga, Slamet kang wus turu lawase limang dina limang wengi, katon kruget-kruget nglilir. Njenggelek, banjur tangi.
"Alhamdulillah...kowe tangi, Le?", weruh Slamet wus tangi, biyunge anggone ngucap sokur nganti njempling. Slamet ditubruk diruket kenceng karo nangis bungah.
"Ana apa ta, Yung...Pak?", pitakone Slamet kaya bocah bingung.
"Ana apa piye, Le...wong kowe wus turu saprana-saprene lawase. Kok takon ana apa...", biyunge gumun.
"Ben dhisik, Mbokne. Thole iki isih bingung. Mengko yen wus eling, ben crita dhewe kadadeyan apa sing mentas dialami", kandhane bapake.
Akhire biyunge ngeculake pangrukete. Slamet dielus-elus rambute klawan nyebut asmane Gusti tanpa pedhot.
Bareng wus eling Slamet banjur crita. Nalika lagi turu ing sangisore wit kenari, Slamet ditemoni wong langan gedhe dhuwur kang nyandhang cara kaji, ngaku jenenge Imam Satibi. Slamet dipeksa dijak bali menyang omahe. Omahe gedhe gilar-gilar, platarane jembar, listrike gebyar-gebyar. Slamet dikon sunat bareng anake. Anake mung siji thil, jenenge Dhanang Ababil.
Slamet ora entuk bali sasuwene sunate durung mari. Amarga yen wus mari bakal ditanggapake wayang. Bareng wis mari tenan, wengi kuwi bener-bener nanggap wayang. Lakone laire Parikesit. Dhalange di Darman saka Desa Blengorwetan.
"Dadi kowe wis sunat, Le?", pitakone biyunge sawuse Slamt ngrampungi critane.
"Iya, Yung...".
"Bener, Le?", bapake durung pracaya.
"Iya, Pak...", ora nganggo isin, Slamet ngudhari clanane nuduhake "manuke". Weruh kanyatan kuwi bapak biyunge lagi pracaya.
"Iki banjur piye, Pakne? Aku bingung".
"Wis, Mbokne... ora susah dipikir. Barang wis kadadeyan arep dikapakake. Ngenani butuh sing wis dituku, kanggo Slamet bae. Dene wayang sing wus diojari prayoga diwurungake, Mbokne".
"Apa prayoga ngono, Pakne?".
"Iya, Mbokne. Kajaba kuwi aku duwe kreteg, si thole Slamet jenenge arep dak ganti Lasiran. Tegese : Isih diwelasi dening Pangeran...".
sumber : majalah Panjebar Semangat
"Wis, Mbokne... ora susah dipikir. Barang wis kadadeyan arep dikapakake. Ngenani butuh sing wis dituku, kanggo Slamet bae. Dene wayang sing wus diojari prayoga diwurungake, Mbokne".
"Apa prayoga ngono, Pakne?".
"Iya, Mbokne. Kajaba kuwi aku duwe kreteg, si thole Slamet jenenge arep dak ganti Lasiran. Tegese : Isih diwelasi dening Pangeran...".
sumber : majalah Panjebar Semangat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar